Contoh teks pranatacara

Contoh teks pranatacara

Jawaban

Pranatacara inggih punika satunggiling paraga ingkang nggadhahi jejibahan nglantaraken titilaksana ing satunggiling upacara adat kados temanten, kesripahan, dinas, pepanggihan, pasamuan, pengaosan, pentas lan sapiturutipun. Anggenipun tumindak dados pranata adicara kedah nggatosaken punapa ingkang wonten ing tata cara pranata adicara. Pranata adicara kedah nggatosaken punapa ingkang dipunwastani 4W, kang isinipun : Wiraga, Wicara, Wirasa, Wirama.

Pranatacara dalam bahasa Indonesia adalah pembawa acara atau MC (master of ceremony)

Pembahasan

Tuladha teks pranatacara kagem acara purnawiyata sekolah.

Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabaarakaatuuh

Bapa Kepala SMA 1 Sekar ingkang kinurmatan.

Bapa / Ibu Guru saha Karyawan / Karyawati ingkang kula urmati.

Lan para kanca-kanca ingkang kula tresnani.

Langkung rumiyin sumangga kita sesarengan ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti Allah, ingkang sampun kepareng paring kanugrahan lan kasarasan saengga kula lan panjenengan sedaya saget kempal wonten ing papan punika. Ingkang titiwanci menika kula dados pranatacara badhe ngaturaken susunan adicara ing enjing niki, inggih punika :

1. Atur pambuka

2. Atur pangandikan saking ketua panita.

3. Pentas Seni Kelas X lan kelas XI

4. Atur perpisahan saking wakil kelas XII

5. Atur pangandikan saking Kepala Sekolah SMA 1 Sekar

6. Panutup

Adicara kaping setunggal inggih punika pambuka, monggo kula lan panjenengan sedaya kanthi maos waosan Al- Fatihaah sesarengan.

Matur suwun.

Adicara kaping kalih inggih punika pangandikan saking ketua panitia. Dhumateng ketua panitia kula sumanggaaken.

Matur suwun.

Adicara ingkang kaping tiga inggih punika pentas seni hadrah saking kelas X lan kelas XI, kula sumanggaaken.

Matur suwun.

Adicara ingkang kaping sekawan inggih punika atur perpisahan saking wakil kelas XII. Dhumateng wakil kelas XII kula sumanggaaken.

Matur suwun.

Adicara ingkang kaping gangsal inggih punika atur pangandikan saking Kepala SMA  1 Sekar. Dhumateng Bapa Kepala Sekolah, kula sumanggaaken.

Matur suwun.

Adicara ingkang kaping enem inggih punika Panutup. Mugi – mugi acara kita punika saget dados kenang – kenangan lan barokah. Monggo kita pungkas adicara ing siang punika kanthi waosan hamdallah sesarengan.  Allhamdulillahirabilln ‘alamin.

Bapa Ibu lan tamu undangan, sasampunipun adicara punika, kulo ingkang tumindak pranata adicara ing enjing dugi siang punika, mbok bilih wonten klenta – klentu anggenipun matur kulo nyuwun pangapunten samudraning pangaksami dumatheng panjenengan sedoyo. Matur suwun. Wassalamualaikum Warahmatullahi Wabarakaatuuh.

Pelajari lebih lanjut

1. Materi tentang pranatacara 9256259″ class=”sg-link”>9256259

2. Materi tentang teks pranatacara 18844168″ class=”sg-link”>18844168

—————————–

Detil jawaban

Kelas : X

Mapel : Bahasa Daerah (Jawa)

Bab : Pranatacara

Kode : —

Leave a Comment