Apa saja bagian-bagian surat dalam bahasa jawa dan penjelasannya
Jawaban
Jawaban :
Bagian-bagian Layang (Surat) :
- Satata Basa (alamat surat) yaiku alamat layang kang biasane wonten ing pojok tengen nduwur.
- Adangiyah yaiku pangucapan puji lan syukur utawa kata pamuji rahayu.
- Purwaka (salam pembuka) yaiku ucapan pembukaning layang utawa nginformasikaken kabar kang kirim layang lang pangarep-arep kang dikirim layang uga slamet waras.
- Surasa basa yaiku isining surat/layang ngenani informasi apa kang arep diwenehna marang sing dituju.
- Wasana basa yaiku kalimat penutup ing akhir layang.
- Titi mangsa yaiku tanggal/ wektu penulisane layang.
- Peprenah (nama pengirim) yaiku asale pengirim layang saka sapa.
- Tapak asma yaiku tanda tangan pengirim.
- Asma terang yaiku nama lengkap kang nggawe layang.
Penjelasan :
“Layang (Surat)”
Layang (surat) yaiku kalebu media komunikasi tulis ingkang digunakake kanggo nyampekaken informasi.
Jenis-jenis Layang (surat) :
- Layang iber-iber (surat pribadi), yaiku layang ingkang ditujukake marang wong siji utawa pribadi.
- Layang kitir, yaiku layang kang isine pesan singkat utawa kang biasa kasebut memo.
- Layang ulem, yaiku layang kang isine undangan acara.
- Layang lelayu, yaiku layang kang isine pawarta sedane uwong.
Bagian-bagian layang (surat) :
1. Satata Basa (alamat surat) yaiku alamat layang kang biasane wonten ing pojok tengen nduwur.
- Tuladha : Banyumas, 21 Februari 2020
2. Adangiyah yaiku pangucapan puji lan syukur utawa kata pamuji rahayu.
- Tuladha : Winantu ing bagya mulya
3. Purwaka (salam pembuka) yaiku ucapan pembukaning layang utawa nginformasikaken kabar kang kirim layang lang pangarep-arep kang dikirim layang uga slamet waras.
- Tuladha : “Sesarengan surat menika, kula ngaturi kabar bilih keluarga teng banyumas alhamdulillah diparingi sehat. Lan mugi-mugi keluarganipun pak lik tek Semarang semanten ugi.” utawa “Assalamu’alaikum Wr. Wb”.
4. Surasa basa yaiku isining surat/layang ngenani informasi apa kang arep diwenehna marang sing dituju.
5. Wasana basa yaiku kalimat penutup ing akhir layang.
- Tuladha : Cekap semanten, saking kawigatesanipun kula aturaken matur nuwun.
6. Titi mangsa yaiku tanggal/ wektu penulisane layang.
7. Peprenah (nama pengirim) yaiku asale pengirim layang saka sapa.
- Tuladha : Kanca Sekolah, Adhimu saka paran.
8. Tapak asma yaiku tanda tangan pengirim.
9. Asma terang yaiku nama lengkap kang nggawe layang.
»»»»»»»»»»»»»»»»»»»»»»»»»»»»»»
Pelajari Lebih Lanjut :
Materi Drama
- 9768163″ class=”sg-link”>9768163
- 26949174″ class=”sg-link”>26949174
Detail Jawaban :
Mapel : Bahasa Jawa
Kelas : 6
Materi : Layang (Surat)
Kode kategorisasi : 6.13
Kata kunci : Pengertian, Jenis, lan Bagian-bagian Layang/ Surat
#Optiteamcompetition